Kamis, 18 Oktober 2012

Bojo seng ngirit




Sardot sing pengangguran ruwet nduwe bojo jenenge Onah Markonah..

Awale mbojo mono seneng-seneng wae,.jare rasane koyo "surga dunia", tapi suwi-suwi yo bojo endi sing ora nesu yen bendino mung dinafkahi batin tok..


Markonah : "pakne.. njaluk duite yo..ameh tak nggo tuku sabun kumbahan.."


Sardot : "ealah bune..mbok kowe ki ngirit.. Nek pas karo adus kae bekas sabun adusmu dilumpukno trus diwada

hi ember..kan lumayan keno nggo ngumbai.. Wes rasah crewet..aku jupukno mangan bune karo kopi cepet!"

Markonah mlebu omah karo mrengut njupukno mangan Karo nggawe kopi nggo bojone


Sardot : "lhaaa.. iki jenenge bojo tenan,. hahaha.. tapi LHO !! Iki kok sego putih tok ki kepiye?? Endi JANGANE??"


Markonah : "tapi pak...anu.."


Sardot : "Aku ora pengen ngerti!! pokoke aku pengen karo JANGAN !!"


Karo nesu Markonah mlebu omah karo nggowo piring mau.. Ora suwe metu maneh..


Sardot : "lha mbok ngono ket mau.. Mung jangan wae diumpetke.., wah.... kok alot temen bune... iki godong opo jane?"


Markonah : "aku ora duwe duit nggo tuku janganan pakne...."


Sardot : "HAH lha terus iki OPO ??"


Markonah : "aku njaluk PAKAN WEDHUSE mbah Sodron sithik.. Daripada pakne mun..,..."


Sardot : "HOOEEXX... HOOEEXX... CUIH..OOGGHH..

..DIAMPUT !!KAMPRET ANAK LOWO !! Aku dipadhake WEDHUS !! ENDI WEDANGKU??"

Sardot langsung nyruput kopi-ne nganti entek...


Sardot : "ealah.. Bune...bune... kowe ameh wae dadi rondo goro-goro bojomu KESELEK SUKET....tapi..sek..kosek bune...Jare kowe sambat ora duwe duit tapi kok kopine iso LEGI tow.,.lha GULO-ne seko endi ??"


Markonah : "Ngene critane pakne...

.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...mbah Sodron kan nduwe penyakit KENCING MANIS.. lha aku mau njaluk ...... "
.
.
Durung rampung crito Sardot semaput !
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar