Jumat, 19 Oktober 2012

Pacar Impian





Ing sak wijining dino sardot lagi sayang sayang'an karo juminten

Masio sayang sayang'ane ning ngisor wit asem,wong 2 mau katon mesra banget


Sardot: Dik...bapak mu tukang listrik yow...?


Juminten: kok ngerti...?


Sardot: mergo tresno mu nyetrum tresno ku...


Juminten: aaaiiissshhh...mas sardot iso wae (ngrikiti benik)

Sardot: Dik...bapak mu.......


Juminten: (nempelno driji ning lambene sardot) Ora penting bapak ku dadi opo mas...sing penting pean iku sukmbhen dadi bapak kanggo calon anak anak'e dhewe...


Sardot: eeaaaa..pean iki iso wae ganti gombali dik...(nggeblak mburi)


Juminten: hehew...mas,aku tak takon...


Sardot: iyo dik,tak wangsuli...


Juminten: kapan pean ameh mulya'no(mensejahterakan) aku?


Sardot: lhoh dik...memang sak suwine iki aku kurang opo karo awak mu...motor enek,mobil enek,emas emas'an enek,perusahaan enek,bahkan omah gedhe magrong magrong ugo enek...


Juminten: iyo bener mas...tapi....


Sardot: tapi opo dik...tak kiro semono iku kabeh wis cukup kanggone dhewe...


Juminten: iyo bener mas...tapi...


Sardot: tapi opo meneh dik...gek ndang ngomong'o...


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


.


Juminten: kuwi kabeh kan duwe'e(milik) majikane dhewe mas...mulo yen ngimpi ojo dhuwur dhuwur!!!


Sardot: (nyakar nyakar wit asem)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar